Mumpung durung ketekan malaikat juru pati.
Uring nang ndonya ora suwe, bakal ngalih panggonane.
Akhirat nggon sejatine, mung amal becik sangune.
Yeng menungso sampun pejah, uwal saking griyo lan sawah.
Najan tangis anak simah, nanging kempal mboten betah.
Senajan berbondo-bondo, morine mung sarung ombo.
Anak bojo moro tuwo, yen wis nguruk banjur lungo.
Yen urip tan kebeneran, bondo kang sepirang-pirang.
Ditinggal nggo rebutan, anak podho kleleran.
Yen sowan kang moho agung, ojo susah ojo bingung.
Janji ridhone pangeran, udhinen kanggo amalan.
Amal sholeh ora mung siji, dasar waton amung ngabekti.
Nderek marang kanjeng nabi, Muhammad rasul Ilahi.
Mbangun turut ing wong tuwo, sarto becik ing tetonggo.
Welaso sak podho-podho, ojo podho saling ngino.
Yen ngendiko ngati-ati, ojo waton angger muni.
Raqib 'Atid kang nulisi, Gusti Allah kang ngadili.
Ojo dumeh sugih bondo, yen pangeran paring loro.
Bondho akeh tanpo guno, doktere mung ngereko doyo.
Mumpung siro isih waras, ngibadaho kanthi ikhlas.
Yen leloro lagi teko, sanakmu mung iso ndonga.
Mumpung siro isih gagah, mempengo yengkut jo wegah.
Mengko yen siro wis pikun, ojo nelongso lan getun.
Mulo konco podho elingo, Uripmu sing ngati-ngati.
Mung sepisan ono ndonyo, yen wis mati ora bali.
Gusti Allah wus nyawisi, Islam agama sejati.
Tatanan kang anyukupi, lahir batin amumpuni.
Labels: Renungan


ahhh, ada versi bahasa indonesianya gak pak?